CATETANKU : AKU
LAN MAS TRIS
(perangan kapindho)
Dhek tahun 1992.
Isuk, srengenge durung mlethek aku wis numpak sepeda motor mboncengke
anakku wedok Dian Candra Prasetyanti
sing lagi SD kelas 3. Tak jaketi krekep tak lungguhke ngarep, numpak sepeda motor Honda “Star” anyar sing
tuku bojoku entuke nglumpukke bayaran dadi guru. Tuku kontan kreditane konco
guru sing pas butuh duit. Aku saiki wis nduwe sepeda motor dewe. Anyar durung
setahun. Sepeda motore bapak Yamaha 75 wis diijolno Vespa Sprint.
Pancen bener omongane wong tuwo biyen, jare wong tuwo iku
wis akeh mangan uyah. Tegese akeh pengalamane. Mbok menowo bapak ibuku wis
ngreti yen aku ora pinter golek duit, opo maneh bekas “wong ukumane Suharto” . Angel
golek gawean. Mulo aku dilurokno bojo sing wis cetho nyambut gawe, sing kiro-kiro
keno kanggo cagak urip. Bocah lulusan SPG th 1983 sing kepeneran wis diangkat
dadi guru. Aku yo mesakake bojoku wong aku nyambut gawe ora maton.
Mulo naliko aku ditari kancane bapakku arep dientukke
ponakane iki, gelem opo ora, tak jawab :
- Ampun takon kulo oom. Ponakane mawon sing ditari.
Yen kulo mpun jan mesthi gelem e . . -
Wiwit “dibebasake” saka p Buru tahun 1980 nganti tahun 1983
aku njomblo, wedi kawin amargo ora nduwe penggawean sing gumathok. Banjur dijodokke
wong tuwaku mau. Nanging yo iku naliko anakku pisanan Dian lahir, aku di omongi
sedulure bojoku :
- Mas, opo
apike Dian iki diakokke anakke mas Ton, opo mas Ko? – usule Ely adiku
ipe wedok. Nyambut gawene guru koyo bojoku. Mas Ton iku polisi nek mas Ko
nyambut gawene swasta biasa. Aku ngreti arahe omongan. Morotuwaku lan mesthine
anak-anakke ora tedak turune wong PKI. Pancen bener naliko semono anak-anake
wong “bekas” ora entuk neruske kuliah, nyambut gawe diengel-engel negoro. Turune
wong PKI sak cindil abange yo PKI. Iki
jare stigma / cap. Wong elek mbukek. Mbiyen ae ono wong digebugi sambat
ngaruoro . . . . pak kulo mboten PKI,
kulo maling . . . . Lho jan opo ora
aji malinge? Koyo ngono pengertiane
masyarakat marang PKI sing dicekokake pemerintah Orde Baru Suharto. PKI sadis, pembunuh.
Saiki gampang ae. Nuwun sing maos tulisanku iki. Jajal pirsani tangga teparo sampeyan sing wong “bekas PKI”
ono sing berkarakter sadis, opo bekas pembunuh?
Ketok drijiku nek wong PKI nduwe watak sadis, pembunuh? Watak sing ceto kanggone wong PKI iku cinta
tanah air dan bangsa, lebih mempunyai rasa kesetia kawanan yang
tinggi.
Meneng sauntoro, aku lagi nyauri.
- Kenopo lagi ngomong saiki?
Kenopo
ora mbiyen-mbiyen naliko durung kawin? Naliko durung ono Dian? – Aku ngenteni
tanggapane ipe lan bojoku sing melu ngrungokke omongan iki. Meneng gak ono sing semaur.
- Anakku . . . . , anakku ae. Ora usah
diakok-akoke wong liyo. Kowe ngreti ra?,
Rong puluh tahun kepungkur kahananku ora koyo saiki. Aku dicekel, ditahan,
dibuak ning P. Buru. Mlebu alas gung liwang liwung, adoh lor adoh kidul, mboh
mati mboh urip. Aku sak konco iki tahanan politik. Nasibku ditentokke owah
gingsire kahanan politik. Saiki aku
koyo ngene. Semono ugo 20 tahun sing arep teko kahananku durung mesthi koyo saiki
iki. Aku kowe lan menungso urip iki mung dadi anak jaman. Semono ugo Dian
mengko ugo dadi anak jamane ndekne dewe. Ora usah anakku “dislametke” dadi
anakke wong liyo . . . . Peh aku ae leh
? . . . . - Kabeh meneng ngrungukke “indoktrinasiku”. Mung ipeku
nggrundel lirih.
- Atos leh –
- Gak. Gak atos. Mbok o ngono iki ilmiah . . . . –
Omonganku tak kenthuk-kenthukake.
Aku mulih “dimodali” bapak ditukokno mesin diesel lampu
penerangan kanggo wong nduwe gawe mantu opo sunatan. Aku dadi tukang diesel.
Malah mesin dieselku “dicarter” ketoprak Kembangjoyo asuhan Kodim Pati.
Watoro wis padhang aku wis munggah tanjakan Sukolilo sing
dalane nikang nikung. Aku wis mlebu alas pegunungan Kendeng Utara arah
Purwodadi. Sing naliko ngengrengi tulisan iki, panggonan iki lagi dadi rebutan.
Rebutan antarane penduduk setempat sing rumongsa marisi alam sekitar kono
kanthi ngenggoni turun temurun kanggo penguripane wong sak brayah, karo penanam
modal . Gunung arep dijugrugno kanggo bahan semen.
Sakiki aku wis tekan alas Gundi protelon tekan Bendungan
Kedungombo. Karo crito ben anak wedok ora ngantuk. Dene anakku lanang Bara
Dhika Prasetya Adhi karo ibune tak titipno tanggaku – pak Wadak - numpak mobil anyar Katana. Aku sengaja mangkat disik mengko
nyegat lan ketemu ning pertigan Ngemplak - Solo. Dino iki dino sepisanan libur
semesteran SD. Aku eling ngendikane mas Tris :
- Suk nek preinan mbok ninggonanku. Anak bojomu
dijak –
Aku ngaturke panuwunku karo tanggaku, sing tak nunuti anak bojoku. Anakku lanang
muntah-muntah numpak mobil.
- Jebul mobile atos mas, nek gronjalan. Aku mesakake Dhika, Mabuk.
–
Woro Isatanti Dwi Murwani, -- jenenge bojoku
dawa banget. Jenenge wong sak kampung dinggo kabeh. Nganti yen ngisi data ora
cukup -- , bojoku kondo aku naliko wis ketemu karo mbonceng nggendong ngekep anakku
lanang nganggo lendang jarit. Aku boncengan
papat, aku anakku loro karo bojoku, neruske laku tumuju daleme mas Tristuti
ning Rinjani Timur Mojosongo.
- O alah-alah. Bocah kok mbok kempit mbok indit
koyo brayut. Ngene iki mau yo boncengan wiwit soko Pati? – mas Tris mapakake
karo melu nampani nggendong Dhika sing lagi umur watoro 3 tahun..
- Ora ah, mas. Dhika karo ibune tak nunutke
tanggaku numpak mobil.
- Lho dik Bambang kok ora melu sisan? -
- Ora.
Lha endi mbakyu karo Inan kok sepi? – pitakonku naliko mlebu omah katon sepi.
Lha endi mbakyu karo Inan kok sepi? – pitakonku naliko mlebu omah katon sepi.
- Yo lungguh disik. Mengko tak critani –
Jebul mbakyu lagi loro, ditirahake ning dalem Joho, daleme
morotuwane mas Tris. Sisan karo Inan mergo mas Tris ora nduwe wektu mapak
ngeterke sekolah.
- Sedelo maneh aku tak mangkat nderekke mayang dik
Manteb. Mbuh moso borong nggonmu tunggu omah karo bojomu. Yen butuh mangan
masakko dewe . . . . – mas Tis ngendikan karo disusul ngguyu . Pamitan. Pasuryane
semringah. Ketoro yen tekaku sak anak bojo ndadekno renaning penggalihe.
Elingku ono telu po patang dinonan aku tenggomah / tunggu
omah dalem Rinjani Timur. Saben esuk mas Tris rawuh bubar ndereke wayangan pak
Manteb, sak wise crito-crito sakwetoro njur istirahat. Sare. Awan po sore wis
tindak meneh. Sak suwene aku sak pranak
tunggu daleme mas Tris, aku nyempatke mboncengke anak bojo mubeng kuto Solo. Tekan Curug,
Kraton, Pasar Klewer. Nyempetke tilik mbakyu Tris ning Joho. Ora lali anak
bojoku tak jak tekan Jembatan Bacem. Jembatan sing kanggo mateni wong-wong PKI
opo sing dianggep PKI ndek tahun 1965 – 1966. Bojoku tak critani jarene
wong-wong PKI iku sadis2.
- Yen rumangsaem aku iki ndak nduweni watak sadis
lan nduweni watak pembunuh? – Bojoku meneng ae mung ndeleng mengisor ing dasar
kali saka pinggir jembatan.
- Jero yo mas? –
- Yo, jero. Tur yen rendeng banyune gedhe, banjir.
Jembatan iki dadi seksi yen akeh wong PKI opo dipekakekake, dudu wong PKI
nanging diarani PKI, podo dipateni dicemplungki kali Bengawan Solo iki. Ono
sing dibedhil, ono sing ditaleni njur dijorokke, nganti ono sing dicemplungake
urip-uripan. Kabeh mau ono sing meruhi lan ono sing dadi korban nanging isih
urip nganti saiki.-
Naliko aku pamitan arep mulih Pati mas Tris ngendikan :
- Lha iyo yo Mbang, kowe lan bojomu iki dudu
apa-apaku. Ora sedulur, ora kadang. Lho
kok tak percoyo, tak tinggali omah sak
isine. Tak tinggal prung mboh kono. Pirang-pirang dino. Ngene iki yen ora
lakone awake dhewe ora klakon. -
sawijining awan naliko mas Tris
tak pamiti ngendiko karo gumujeng
semringah, tanda yen ngendikane tulus saka jroning ati. Sing dikarepke lakone
awake dhewe iki lelakone poro korban 65 sing rumongso senasib pati lan
urip.
- Ojo kapok yo dik (KARO BOJOKU), yen ono wektu
dolan rene. Sing sabar karo Bambang. Mbang sing pinter momong anak bojomu yo.
Bejo kowe nduwe bojo dik Is iki – karo gumujeng.
- Iyo. – aku dewe ora kudu ngguyu. Dadaku seseg,
ondog-ondog arep pamit.
- Dian, rene tak paringi sangu nduk. Adik diparing
yo . . . – Ajeg . Mas Tris senengane maringi sangu. Lha wong aku dewe gedhe tuo
ngene nek rene disangoni kok.
- Aku mulih mas. Pamitke mbakyu karo Inan.
Naliko mas Tris kromo karo mbakyu sing saiki, aku sak konco
saka Pati rombongan Cerry station nekani . Elingku ono Mas Trimo, mas Toyo
tusuk jarum, pemain ketoprak Kembangjoyo; lik Mustahir karo bojone pesinden.
Mbiyen sak durunge 1965 dadi pesindene mas Tris yen dong main ning daerah Pati.
Lan priyayi Ngablak sing kagungan mobil, kepingin ketemu sing jenenge
Tristuti Rahmadi, dalang kondang sing
nate dingerteni sak durunge Peristiwa
65.
Dene naliko kawinku th 1983, mas Tris karo mbakyu rawuh ning
Pati. Watoro wis rodo wengi amargo terpancang umbalan umum sing kangelan
antarane Pati Tayu. Naliko sasi Oktober 1965, 18 tahun kepungkur mas Tris
mayang ning omahe tanggaku, sunatan. Mulo ora mokal yen saiki konco-konco lan
tonggo teparoku pengin ngreti koyo ngopo leh blegere dalang Tristuti saiki
sakwise mulih soko pulau Buru?. Sing
durung nreti nanging kepingin ngreti, ngrasani, jenebge kok koyo wong wedok?
Mbiyen naliko sakdurunge tahun 1965 aku wis krungu
kondange dalang Tristuti iki., sing
sejajar karo dalang saka Wonogiri lan Banyumas, sapa kae, halah lali aku wis
tuwo. Aku ugo nate munduk-munduk ning pinggir kothak wayang, naliko dalang
Tristuti arep jejer mayang. Naliko mbiyen pesinden utowo waranggono isih lungguh awor
yogo cedhak tukang kendhang. Elingku ning deso Ngelom, Bulumanis.
Aku nyodorake buku karo fulpen, karo matur :
- Bade nyuwun tapak asmo kangge kenang-kenangan .
. . . . – Dalange noleh mirsani aku sedelo,
mesem banjur maringi tapak asmo ning bukuku. Tristusi Rahmadi
Suryosaputro.
Malah naliko aku lan mas Tris kepeneran tunggu pari bareng
ning sawah Savanajaya pulo Buru, aku diwelehke.
- Kowe ra butuh tanda tangan meneh, Mbang? Ne tak
wenehi sak buku . . . . – karo gumujeng.
- Ra butoh . . . – sumaurko karo mlayu nggusah
manuk.
Naliko semono aku isih mahasiswa. Isih mudho lan nduweni
kesenengan ngumpulke tanda tangane “wong gedhe-gedhe”. Alah cah enom
paling-paling pingin wa . . . . Ning bukuku ana tanda tangane Kawan Ketua
Aidit. Terus tak tulisi panggonan olehku entuk lan tanggal. Panggonane Egom –
Cisarua. Tanggale lali. Naliko aku melu anggota Paduan Suara Jawa Tengah melu lomba
paduan suara memeriahkan KSSR. Konferensi Seni dan Sastra Revolusioner ning
Jakarta. Liyane elingku ana Utuy Tatang
Sontani, pak Subronto Karto Atmojo, naliko
kabeh paduan suara saka Medan, Padang, Palembang. Pontianak, Jakara,
Jawa tengah, lan Suroboyo, perlu latihan bersama kanggo penutupan KSSR ning
Istora Senayan Jakarta. Iku ing sasi minggu terakhir Agustus 1965. Mulo ora
lidhok naliko ditangkep peristiwa 65, aku diprikso jare aku melu ning Lubang
Buaya. Lubang Buaya gundulmu.
Dhek tahun 2000, adine bojoku sing ragil arep kawin entuk
Pontianak – Kalimantan. Keluargane wong Kudus. Pacare podho-podho kuliah ning
UMK Kudus, Ning Pontianak nderek Bapak ibune sing pegawe Perhutani. Paklike pegawai RRI Pontianak, karepe pas
gawene arep wayangan nganggo wayang RRI.
Aku njur nduwe ide piye upomo dalange mas Tris. Ben mas Tris
entuk pemasukan. Aku biasa nggoleke gaweyan konco-konco, sakiso-isone ben entuk
duit. Mbeyen aku nduwe konco pak Yono jenenge daleme Ambarawa. Di tahan bareng aku kumpul ning kam Salatiga. Sakdurunge 65 –
istilah kanggo mbedakke wektu sakdurunge Peristiwa 65 – pak Yono ngasto ning
Kesehatan Rumah Sakit Ambarawa. Dadi pembantune dokter Jayus. Dokter Jayus iki
nduwe penemuan pengobatan asma, sing naliko pertemuan dokter-dokter sak ndonya
ana ing Simposium Peking th 1964 disodorake dening dokter Jayus. Cara
pengobatane njupuk pengalamane wong
tuwo-tuwo mbiyen yen ngobati loro mengguk / asma, anake diombeni getih
menstuasi ibune. Durung nganti cara pengobatan iki ditindak lanjuti, keterak
aradan Peristiwa 65. Dokter Jayus melu ditahan amargo anggota HIS, Himpunan
Sarjana Indonesia, sing dianggep onderbow PKI. Tekan Nusakambangan. Yo dokter
Jayus iki sing nganjurke konco-konco tahanan Nusakambanagan dho mangan bekecot.
Pak Yono ngerti cara pengobatan asma kuwi mau. Aku kelingan
naliko ning kam Salatiga yen oleh metu saka kam aku dijak glidhik (nyambut gawe sing ora maton) nambani keluargane
konco-konco sing lara asma. Opahane sakpawihe. Malah saking senenge anake mari
ana salah sijine konco, pak Yono diwenehi pedhet, sapi cilik. Pak Yono yo di buak ning pulau Buru bareng aku.
Bareng wis “ning alam padhang” iki, wis diulihke saka pulau
Buru, pak Yono tak jak nambani tonggo teparoku sing nduweni penyakit asma. Akeh
sing mari. Antarane putrane pak mantan Petinggi Kedungsari, putrane pak carik
Pohijo, ponakan-ponakanku, lan isih akeh meneh. Lumayan pak Yono ijlik ning
nggonku. Nganti ana crito lucu. Naliko Istanti, bojoku meteng anakku Dhika pak Yono mbedek yen anakku
mbesuk lahir lanang. Pambedekke kanti cincin kawin ditaleni benang dicekeli
digandulke nduwur wetenge bojoku. Lho mubeng.
Mubenge nengen searah jarum jam, njur dibedhek anakku mbesuk lahir lanang. Tenan pak Yono tak kabari. Saking senenge pambedheke bener, pak Yono budhal Pati arep
tilik bayi. Anakku no 2. Medhun bis pak Yono ora banjur ning omahku. Njenger pinggir dalan. Omahku
pinggir dalan Pati Tayu. Ndilalah aku
weruh saka jende koco. Aku metu :
- Pak, pak Yono! – rada banter aku ngaturi pak
Yono. Pak Yono pirso yen aku sing nyeluk, banjur mlaku lekedeng-lekedeng,
priyayine lemu brewok yen diingu koyo Karl Marx, marak omahku karo mesam mesem.
Ngliwati Satpam Pabrik Gula Trangkil
sing lagi jaga trek tebu sing liwat ning ngarep omahku : - Nuwun sewu - uluk salame pak Yono karo Satpam jogo.
Tekan njero omah pak Yono gak kuat ngampet guyu :
- O alah dik Mbang, dik Bambang . Gara-gara ana
Satpam aku njenger suwe ning pinggir dalan. Tak gatekke saben ana trek momot
tebu liwat disetop, diperiksa surat-surate. Nganti dik Bambang metu mau. Panggraitaku : hebat
temen dik Bambang babaran ae dijaga satpam . . . .- aku karo bojoku karo tamu liyane podho ngguyu bareng
ngrungoke ngendikane pak Yono mau.
Lha mas Tris yo arep tak jak "glidhik". Malah yo nate amargo
aku dianggep konco-konco cedhak karo mas Tris, konco Tlogowungu arep sedekah
bumi njaluk pertimbangan aku, piye yen wayangan dalange pak Tris?
- Moro ae . . . – Saranku. Aku dijak ning Solo. Kasil
wayangan sedekah bumi nganggo dalang mas Tris. Malah anakku Dhika sing isih
kelas VI SD nanging wis iso main Orgen tunggal dijak mas Tris kon nggowo biduan
dewe. Lha wong bocah, ngenteni goro-goro
tengah wengi yo turu nglepus ning pinggir orgen sebelah tutup kothak wayang. Aku ning
mburine karo ngemuli jaket anakku, mas Tris sok noleh Dhika karo mesem.
- Rene le
tak sangoni, nggo tuku buku yo . –
Bareng esuk arep mulih Dhika disangoni.
- Kebangeten kowe kok Mbang bocah kok mbok jak
golek pangan . . . Kowe mentolo mangan kayane anakmu ? Aku yen noleh
ora mentolo olehe ngrinkuk turu nglimpruk ning ngisor wayang. - Mas Tris nyangoni Dhika karo gumujeng len
mesem kecut.
Lha kesempatan ning Pontinak iki tak aturke mas Tris,
jauh-jauh hari. Mas Tris etung-etung wektu lan kiro-kiro nggowo opo lan ngajak
sapa.
- Yo, wis yen sing nduwe gawe wong gedhe. Aku ora
nduwe Idakeb dhak ora opo-opo to ?
Mas Tris pancen ora nduwe Idakeb lha wong “bekas”. Tegese bekas tahanan,
opo maneh tahanan PKI ora bakal diintunki yen ngajokke permohonan ijin njaluk
Idakeb. PKI kok.
Iki
lagi rencana. Aku rembugan karo mas Tris dhisik banjur tak rembug karo
keluarga, hubungane karo keluarga Pontianak. Durung ono keputusan saka keluarga
Pontianak, dinane wis kurang seminggu tur yo kudu golek tiket kapal . Aku ning
wartel njajal arep omong-omong karo mas Tris.
- Mbang, dibatalake ae sing ning Pontianak,
mbakyumu kumat larane rada nemen.-
- Lha aku tak tilik mbakyu disik mas? –
- Ora usah. Urusi keluagamu disik. Nko nek wis mulih saka Pontianak wae. -
Yo wis. Gak sido ngajak mas Tris. Mbakyu lara.
Aku sido mangkat Pontianak. Kabeh mangkat keluargaku karo
keluarga morotuwo. Emakku melu, bapak tunggu omah karo Dian klas siji SMA lagi
semesteran. Ning Pontianak naliko durung gawe Dhika dicawisi Orgen nggo melekan. Sayang ora cekelane. Ning omah
Dhika cekelane Roland G 96, ning kene nganggo Yamaha. Bocah gak patio mudeng.
Ning omah kulino nganggo disket, ning kene manual. Yo saisane cah cilik lagi
kelas VI, keno kanggo melekan.
Bubar gawe ora bisa terus langsung mulih. Ngenteni kapal.
Kesempatan iki tak nggo mubeng-mubeng Pontianak lan sak kiwo tengene.
Perjalanan kapal mulih rong dino. Sakwise leren sedino ning omah,
karo bareng ngeterke ning pasar Trangkil bojoku, aku ning wartel perlu arep crito karo
mas Tris. Aku biasa sak durunge jam 6 esuk yen ngebel, wong tarip tilpun isih murah.
Bareng wis nyambung karo mas Tris :
- Hallo, mas . . . . aku wis mulih. Halah mas
cedak ae. Mung rong dino. Adoh pulo Buru–
aku terus ncrocos ae bareng krungu jawaban
“halo” saka mas Tris.
- Bambang yo? . . . .-
- Iyo mas. Piye kabare mbakyu? Rencanaku sesuk aku arep rene. Tilik mbakyu. Wis sehat tah ? –
- Mbakyumu wis ora ono . . . . .
Aku ora percoyo karo sing tak rungu.
Aku ora percoyo ngendikane mas Tris.
Aku ora percoyo karo suara sing liwat gagang tipun.
Aku ora percoyo . . . . .
Aku meneng ora iso ngomong.
Meneng.
Nganti keprungu ngendikane mas Tris meneh.
Nganti keprungu ngendikane mas Tris meneh.
- Mbakyumu wis kapundut ing ngersane Gusti . . .
.-
Ngendikane mas Tris lirih, suarane jero, ngerti yen aku
mung meneng ae. Aku gak kuwat ngampet luhku. Njrojos koyo banjir. Malah kaporo
kawetu suaraku naging ning njero kamar tilpun. Aku nangis ngguguk. Sauntoro
suwene . Mas Tris yo ora ngendikan
meneh-meneh nanging aku ngreti yen tilpun isih sambung. Aku ungkep-ungkep
semlende perangkat tilpun. Bojoku weruh saka njobo lewat koco pintu. Aku
dicedaki. Ditakoni ono opo. Aku gak iso semaur. Sauntoro. Aku dinengke bojoku
karo isih ngadeg ning cedakku.
- Ono opo, mas? – Pitakone bojoku, bareng aku wis
rodo angreh. Tilpun tak tutup.
Dino iku ugo aku budal ning Solo numpak bis perlu niliki mas
Tris karo Inan sing ditinggal sedo ibune.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar