Sabtu, 05 Oktober 2013

EMAK


            EMAK


            Aku dhewe wis tau kondho-kondho karo bapak, emak lan tangga-tanggaku nek ning Semarang gedhung-gedhung kantore pki podho dirusak lan diobong.
-   Iso ugo rusak-rusakan lan obong-obongan mremen tekan kene, lho bung – kandhaku menyang tangga teparoku.
-   Lha kene gak ono kantore pki kok dhik? Koyo kantor CSS *) Margoyoso kae kan omahe pak Jamin?!-  Gari, cah Pemuda Rakyat, takon nyambung omonganku sing wiwit mau melu ngrungokno.
-   Yo cik kantor, opo omah pribadi nanging nyatane dienggo kantor – sumaurku
-   Lha omahe lik Wondo iki dhak ono thomprange pki ? – semambunge Gari karo noleh njobo ngingeti papan nama, sing dikandhakno thomrang  mau,  ono tulisane  COMITE RESORT – CR PKI **) – Desa SIDOMUKTI.
-   Yo waspodo ae ngadepi kahanan sing awake dhewe ora ngerti iki. – bapak nengahi omongan - Awake dhewe ora ngreti sikon sing bener iki piye. Lha pak Jamin yo ora ndenger. Soko Pati yo ora ono petunjuk opo-opo. Paling-paling berita seko koran. Harian Rakyat yo gak ono teko. Awake dhewe iki buta berita. – Soewondo, bapakku menehi pangerten lan minongko pimpinan pki ing desaku, ngelingke supoyo waspodo.
-   Lha awake dhewe terus piye le ? – emakku sing wiwit mau ngrungokake omongan ning emper omah, karo isih nggulung udet  melu-melu nguatirake kahanan iki.
-   Yo emak ae wiwit nicil resik-resik barang-barang opo surat-surat. Layang sing penting disimpen, didhelikke sing primpen. – semambungku ngguroni.

Iku naliko aku mulih tilik omah, sakbubare obong-obongan kantor-kantor pki ing Semarang watoro sasi Oktober 1965. Tak critakke tangga-tanggaku kahanan ning Semarang, bareng ditekani RPKAD kahanane mirisno wong. Menowo ae sing miris wong-wong koyo aku iki. Malah aku tau lagi jajan es ning Kampung Kali, ning cedhakku ono tentara 2 ugo lagi jajan. Sing siji KKO, sing siji RPKAD podho gowo bedhile. Pengertine wong umum yen KKO iku mbelani Bung Karno. Wong-wong sing podho jajan pating klirik, malah ono sing terus lungo. Wedi nek breng, jarene.
Bareng kutho Semarang ditekani RPKAD, massa sing anti pki tambah bringas kanthi ngrusak lan ngobongi kantor-kantor PKI. Mbuh pekoro opo, kok njur ana rusak-rusakan. Sasarane Kantor CDB ***)  ning Jl Imam Bonjol, CK ****)  ning Jl Pemuda, Gedung Universitas Respublika duweki Baperki, cedake CK lan isih akeh meneh. Rusak-rusakan lan obong-obongan ora mung sedino. Semono ugo kantor CGMI *****) ing dalan Widoharjo diobrak –abrik. Masyarakat umum durung  dong kedadeyan tg 30 September ning Jakarta. Ngertine yo soko koran lan radio. Tegese durung ono penerangan sing bener sako pemerintah setempat. Ono pembunuhan Jendral jare sing ndalangi PKI. Wong-wong durung patio percoyo yen PKI, opo bener Pemuda Rakyat lan Gerwani podo mateni Jendral ning Lobang buaya koyo berita koran?  Mbok menowo pancen Semarang termasuk basis PKI, mulo ora ngono ae percoyo yen PKI nduweni trekah koyo mengkono mau. Lha wong ndek wulan Mei, limang sasinan kepungkur ning Semarang yo bar dianakake Ulang Tahun PKI sing kaping 45 geden-gedenan. Wong-wong isih podho kelingan yen Kawan Ketua Aidit ngandakake yen karo konco jor-joran yen karo musuh dor-doran. Mulo PKI nganakake ulang tahun geden-gedenan , jor-joran. Dene karo musuh dor-doran. (karepe  bedil-bedilan – perang). Naliko kuwi lagi konfrontasi karo  Malaysia, gabungane negoro Malaya, Brunai lan Kalimantan Utara / Serawak sing diprakarsai Inggris kanggo ngepung Indonesia sing kanggone Inggris lan Amerika, Indonesia melu blok Timur dianggep Komunis. Mulo proyek Nekolim sing pancen dimusuhi karo Bung Karno  lan pemerintahane, Bung Karno ngajak kabeh rakyat Indonesia nggagalake adege negoro Nekolim Malaysia, kanthi prentah sing terkenal LAKSANAKAN  DWI KORA.
Luwih-luwih Ulang Tahun PKI ning Jakarta. Gelora Bung Karno sing wani ngeggoni pisanan yo PKI. Amargo sopo ae sing nganggo – naliko kuwi – kuwatir lan isin menowo pengunjung gak iso ngebeki gedung olah raga terbesar ning Asia Tenggara mau. Jebul massa PKI sing arep melu merayakan ulang tahun mbludak. Gelpra Bung Karno gak muat.

Wektu kuwi aku dhewe kos ning kampung Bugangan Semarang. Unen-unene mahasiswa. Wong desaku lagi siji thil aku, sing iso neruske kuliah. Aku mahasiswa yang pertama dan yang gagal. Lan nek ning kecamatan isih iso dietung driji.

Aku wis bali Semarang. Sawijining dino bapak teko ning kosanku, omahe rondho anak 3 saben dino dodol wedang coro ning pasar Dargo. Bapak lendehan kursi ning ruang tamu karo kancing klambine dibukak 2. Klambine setengah mbledheh karo kipas-kipas. Sumuk.
            -   Onten nopo pak? -  pitakonku karo melu lungguh ning 
                 ngarepe bapak.
            -   Omahe wis dirusak kok le . . .  Aku dhewe gak wani turu 
                 omah . . . -  Cekak aos. Tambah keterangan sithik, gak  
                 wani turu omah.
Bareng omahku melu dirusak tenan, koyo ora ngandel yen omonganku biyen bener. Meneng gak ono sing omong. Ning njobo cino sing manggon ning pawon omah kosanku, wonge ora nduwe, dodol bolang baling karo gelek,  anake ndrindhil, nyengeni anake sing lagi nangis.
              -  Ben, nko tak kon nggowo RPKAD . . . !  – Aku krungu mesem kecut sak jrone ati. Iki kahanan opo? Tentara kok ndi nggo medeni bocah kaya gendruwo ae?
Bapak ora wani turu omah amargo yen bengi ono massa anti pki podho rondha keliling kampung.

     -   Piye le? Kowe gak muleh? Saake ibuem nguatirke      
         kahananem. – pitakone bapak ngagetno aku.
     -   Nggih pak kulo wangsul –  Wangsulanku kanthi menyat  
         arep tata-tata. Aku saake emak.  Mesthi pikirane emak  
         nguatirake aku sing ning paran.
Wiwit cilik aku yen ngundang ibuku “emak”. Bareng aku ngreti kutho amargo isin karo kancaku, sok-sok  aku ngudang ibu.

Aku mulih bareng bapak. Barang-barang sing perlu tak gowo mulih tak ringkesi, klebu kompor lengo liyun. E mbok menowo emak butuh masak, batinku. Aku kos masak dhewe sak isa-isaku. Luwong rodo ngirid. Tekan Pati wis watoro jam papatan. Wis ora ono kendaraan ngalor arah Tayu. Mulo aku karo bapak terus bablas Juwono. Yen ing Juwono isih ana montor-trek liwat sing bisa dinunuti.
Aku lan bapak entuk nunutan trek medhun Pangkalan. Liwat sersier / tanggul saluran bendungan, ngliwati sawahe bapak. Njur Bapak leren mbedahi galeng sawah, ngilekke banyu.
Tekan omah surup.
Latarku kebak pecahan kentheng lan beling, terus bekas obong-obongan. Yen mlaku kudu ati-ati yen ngidak beling. Omahku temboke pating growoh, godongan jendelo lan lawang sebagian pating blaker ning latar. Yen ndengak sing ketok langit, kentenge ajur. Sumurku sing jerone 20an meter dadi kebeg. Ora kebek banyu nanging samu barang duweke wong tuwaku sing iso dijegurke sumur, koyo grabah, kasur, pari ayaran (naliko kuwi yen panen pari diayari/ digendel tali, gak koyo saiki wis rupo gabah). Opo bae dilebokno sumur nganti kebek. Trekahe massa anti pki. Bareng aku teko, emak nangis ngglolo.
-  Wis mak gak usah ditangisi. Suk nek wis aman omahe digawe tingkat pitu. Karo patung iki ditemplekno tembok – pangarih-arihku menyang ibu.  Batinku mangkel ning kahanan iki. Aku njupuk patung sing digawe soko gibs sing wis cuwil melu dirusak massa. Gemlethak  antarane rumbukan barang-barang sing dirusak Reco tak jupuk tak liling cuwil jenggote.

-   Walah le le wong reco brewok ngono ae mbok senengi  –   Aku kelingan komentare emak ndek aku milih tuku patung Karl Marx iki, naliko aku sak keluarga melu rombongan ziarah ning Gunung Kawi.

Sak desaku ono sawetoro omahe konco-konco sing dirusak bareng omahku. Omahe lik Rodo malah soko gurune digraji nganti merid arep dirubuhno, omahe lik Supar kuwuk. (Wadanani kuwuk, kancane bapak sing melu ning Jakarta). Lan akeh maneh.
Wiwit obong-obongan mau, wong-wong sing duwe omah dirusak gak wani turu omah. Turu ndelik amargo kuawatir dimassa. (dicekel bareng-bareng dening massa karo digebuki, Iku jare dimassa). Bapakku dhewe ndelik ning pinggir kali opo tengah tegal.
Bengi kuwi ono konco Pemuda Rakyat 3 sing jogo ning omahku sing wis rusak mau.  Bung Gari teko-teko nakoni aku  karo bapak.
-   Ko Semarang mau nggowo opo dik?
-   Nggowo opo? – aku genti takon mergo tak rasakno pitakone bung Gari rodo nyujanani. Tak eling-eling, gawanku mau opo.
-   Ransel isi pakaian karo kompor lengo liun, lha iku barange isih bungkusan koran . . . -  sumaurku  karo nudingi buntelan kompor sing gemlethak ning jogan.
-   Lha yo iki. – Gari nyambung karo niliki buntelan. Disuwek buntelan korane. Ketok yen kompor. Aku lan bapak durung ngerti opo karepe bung Gari.
-   Sampeyan mau lewat sawah lik? – Meneh pitakone Gari nambahi penasaran, nginterogasi bapak.
-   Yo. Geneyo? Aku leren ngilekke banyu.- sumaure bapak cekak kanti pasuryane serious lan mandeng  ngenteni omongane bung Gari.
-   Ngene lik lan dik Bambang, omah kene iki arep dikepung masa bengi iki, goro-goro ono wong sing meruhi yen lik Wondo jare golek bantuan ning Semarang, mulih karo anakke nggowo granat . . . . -
Wong limo podo tolah toleh pandeng-pandengan. Sak pleretan ana rasa miris ngadepi kahanan naliko kuwi, Senajan kepikir mosok kompor dikiro granat.
Biso ae naliko kuwi.. Bapak mutusake yen penjagaan tetep dianakake. Mung ndeleng situasi yen gak aman mlayu ndelik, golek slamet. Emak dewe wis diungseaki turu ning omahe tonggo sing omahe gedhek. Mak Ngadirah. Rondo peturone saka pring, reyot. Nek dinggo turu wong loro iso ambruk. Mulo emak trimo nggelar kloso turu lemah. Emak tansah gragapan, keweden.

        -   Yu, yu . . . iko abane ono tentara. Aku tak ndelik ngisor        
             longan yo, yu . . . .-
-   Endi leh nduk – makdhe Ngadirah medun seko peturon   
     nyedaki emak sing  mbrangkang arep mlebu ngisor longan   
     amben. Wedi. 
-   0ra ono tentara kok ndhuk . . . – Karo tolah toleh nelingke 
     swara. Mak Ngadirah ngarih arih emak. Ing tengah wengi 
     mampring iku mung keprungu swarane uplik sing lengane 
     arep entek. Bluk . . . bluk . . . bluk . . .

Amargo keweden pangirane emak swarane uplik arep mati dikira sepatune tentara. O alah mak, mak. Mesakke temen uripmu ; goro-goro melu dadi korban anane peristiwa G30S ning Jakarta  . . . . . Wong wedok paling rekoso!!


*)         :  CSS    :  Comite Sub Seksi. Kepengurusan PKI tingkat 
                             Kecamatan.
**)       :  CR      :  Comite Resort. Kepengurusan PKI tingkat Desa.
***)     :  CDB   :  Comite Daerah Besar. Kepengurusan PKI 
                              tingkat Propinsi
****)   :  CK      :  Comite Kota. Kepengurusan PKI tingkat Kota 
                              praja.
*****) :  CGMI :  Consentrasi Gerakan Mahasiswa Indonesia, 
                              salah sijine Organisasi Mahasisiwa Non          
                              Universiter, sing Progresif Revolusioner Non 
                              Komunis.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar