Rabu, 27 November 2013

AKU LAN MAS TRIS











CATETANKU :   AKU LAN MAS TRIS


--  Mbang, aku arep ndalang ning daleme dik Manteb.  Kowe ora kangen dalanganku? -  suarae mas Tristuti Rahmadi Suryusaputro dumeling ning kupingku liwat tilpun ing warnet. Saiki ning dalem Perumnas Mojosongo, Mas Tris wis kagungan telpun dhewe. Dadi sakwayah-wayah gampang dihubungi. Ora koyo naliko manggon dalem sebelahe dalang kondhang Anom Suroto mbiyen, durung duwe.  Bedo karo jaman saiki wis ono HP. Paling yen aku dodol wijen ning Pasar Legi, bisa mampir. Aku meh 2 minggu pisan gowo dagangan wijen saka Pati tak setorke ning Pasar Legi, Solo.

Mbiyen teko pisanan mulih saka p Buru,  akhir th 1979, mas Tris njujug daleme kang mase, yo dhalang. Pak Slamet  asmane, daleme Pleburan Semarang. Bojone sing ndisik wis “digondhol mbelo” kan anake wedok 2, wiwit isih ning kam daerah Purwodadi.  Digondol tekan Australia. Untung sing nggondol wong nduwe kentol. Aku kelingan ngendikane pak Pramudya AT nek sok guyonan.

-   Orang Jawa selalu bilang untung, Mbang. Walau ditahan sampai P Buru, keluarganya bilang : Untung tidak dibunuh . . ., dia bilang untung. Kalau orang Arab bilang celaka. Celakalah kamu tidak mau mendengarkan sabda Nabi . . . . . ! -

Naliko ning Semarang Mas Tris nate kirim surat aku :   

-  Mbang ora ketang tukang kendang mbok aku golekno gaweyan ning gonanmu.-  

Pancene abot kanggone bekas tapol sing lagi mulih. Opo maneh gak ono keluargane sing dijujug. Koyo mas Tris iki.

Surate  mas Tris, tak tuduhake kanca-kanca sing melu ketoprak Kembangjoyo asuhane Kodim Pati. Naliko semono Kodim Pati nduweni paguyuban ketoprak. Malah sing akeh pemaine bekas tahanan PKI. Koyoto mas Trimo (P. Buru) saka Panggungroyom, Sinar karo adine Lukito (Nusakambangan) saka Pegandan, Mul Boyo (P. Buru) saka Pakis, Pelawak Bodong - Panggungroyom, Kabul (Nusakambangan) asal Puri. Mas Kabul iki mbiyen sing dadi pemeran “Rujak Beling” tokoh saka Kadipaten Pati crito sing dipentaske Bakoksi Pati ning alon-alon Semarang naliko mahargyo HUT PKI 45.

Kasil. Pimpinan Ketoprak Kodim Pati ngidini Mas Tris dadi tukang kendange ketoprak Kembangjoyo. Mas Tris “mondok” ninggonanku. Aku dewe yen ketoprak Kembangjoyo main mesthi melu. Lha wong diesel lampu kanggo penerangan ketoprak, nganggo dieselku. Aku dadi tukang diesel kanggo lampu penerangan lan dekor tata sinar ketoprak.

Naliko tahun 1981nan ing panggonanku – Pati -,  lagi ngetren ketoprak gabungan. Ketoprak lokal ditambah pemain-pemain ketoprak sing pilihan. Saka Jogja koyo Widi Widayat, karo bojone Marsidah, Agil – Ketua ketoprak Midho Rahayu, Asmo, Parjo - lan akeh maneh pemain-pemain kondang naliko kuwi.

Malah nate dianakake ketoprak gabungan rikolo nggantingi (buka giling) Pabrik Gulo Trangkil. Pemaine dijupukake para dalang, wiwit dalang local koyo Untung - Ngemplak Lor adine dalang kondang Surip soko desa Suwaduk sing ilang, di jus. Jarene yen ilang dipateni naliko  dadi Korban 65, iku dijus. Ono sing ngerteni menowo dalang Surip dikubur ing kuburan massal alas “pki-nan” Kalitelo Dukuhseti, bareng sakkancane wong 43.  Penduduk desa Grogolan, lan Penggumg, ing tepis siringe alas kono,  sing njenengi alas “pki-nan” nganti saiki –

Saliyane pemain local ugo dalang-dalang  kondang koyoto Anom Suroto, nganti pak Narto Sabdo

Yo amargo Ketoprak gabungan dalang-dalang iki mau, mas Tristuti ketemu karo Ki Dalang  Anom Suroto. Mas Tris disuwun kerso nderek nggabung  pedalangane Ki Anom Suroto. Pak Anom nate crito naliko mas Tristuti mbiyen sak durunge Peristiwa 65 ndalang ning Sriwedari, pak Anom isih mudho mirsani pedalangane Mas Tristuti saka njobo gedung karo ngadek wis rumongso kagum. Mulo ono kahanane mas Tristuti saiki koyo mengkono banjur dikukup, diboyong menyang Solo.

Naliko mas Tris pamitan bapak ibu, njur tak boncengke sepeda motor arep mampir Juwana ning daleme pak Parjo, pemain ketoprak kondang bapakke Rini Riyana, primadona Ketoprak Pati, ngendiko :

-  Dik Bambang isih bejo. Isih ketunggonan Bapak Ibu . . – Aku kumpul mas Tris wis tahunan, iso ngrasakake jerite atine mas Tris sing sajak ngondok ondok. Mas Tris mulih saka P. Buru ora nduwe wong tua sing dijujug. Opo maneh anak bojo. Yo mung kangmase. Sing lanang sedulure, lha sing wedok? Sedino rong dino isih seneng, lha suwening suwe? Opo maneh ora nyambut gawe, opo ora piye . . . .?

-  Yo sing bekti karo wong tuwo. Ojo gawe larane atine bapak lan ibu . . . . Aku tak nyambut gawe melu dik Anom. Ojo lali kirim kabar ! – Aku mung meneng ae. Dadaku sesek arep pisah karo mas Tris.sing ngendikan karo isih bonceng sepeda motor.

-  Dik Bambang isih biso numpak sepeda motor kagungane bapak, he he he . . . . . –  mas Tris  ngendiko karo gumujeng. Aku melu ngguyu. Rodo lego rasane krungu mas Tris ngguyu ngece. Sepeda motore bapak sing tak enggo mung Yamaha 75. Kanggo boncengan mlakune ngeteter, renggosan. Wong-wong ndesa koyo aku lan mas Tris iki sing lagi mulih saka P. Buru bisa numpak sepeda motor ae wis rumangsa beja banget. Wong aku mulih dipapak saka Kodim numpak mobil sedan, jebul duweke tanggaku, ae rumangsa koyo ngimpi. Wis 14 tahun ora tau numpak mobil. Paling trek naliko dipindah saka Kam daerah menyang Nusakambangan.

-   Aku malah ora iso numpak sepeda motor, dik  . . .  – mas Tris neruske lan ngrumangsani yen gak iso numpak sepeda motor.

Ning Solo mas Tris “ketemu jodone” wis krama. Aku sak kanca saka Pati bisa melu mahargya perkawinane. Mas Tris karo mbakyu ugo sempat nekani olehku omah-omah. Mas Tris sekeluarga manggon ing dalem sebelahe daleme Ki Anom Suroto ing Ngapeman. Mbuh daleme pak Anom, mbuh dikontrakno, aku gak takon. Mung yen dong aku dolan rono, aku diturokke ning nduwur kotak wayang. Cemepit.

Penggaweane yen pak Anom pentas wayangan, mas Tris pinarak mburi dhalang ngladeni butuhe wayang sing arep di mainke. Karo jare yo dadi paran takon bab pewayangan. Malah naliko nate main ning daerah Klaten, sak bubare wayangan ono ibu sing mbiyen wis nate pirso sopo kuwi mas Tris, nyedaki karo setengah muwun :

O alah pak Tris mbok inggih ngasto pedamelan sanese . . . . Amargo mesakake mas Tris kok mung trimo dadi “pekatik”. Mas Tris mung biso ngarih-arih.

Yen karo aku crito karo ngedumel . . .  lha aku njur mangan opo . . . karo gumujeng.

Ing kene mas Tris karo mbakyu kagungan putro putri dijenengaki Kinanti. Mbuh sapa teruse. Aku lali. Undang-undangane Inan.

Lha bareng ono aturan bersih diri lan bersih lingkungan, supaya pak Anom “bersih”, mas Trituti di PHK. Gampang to?

Tujune mas Tris wis kagungan dalem dhewe. Ora manggon ning Ngapeman nanging ning Rinjani Timur Perum Mojosongo.

.

--  Mbang, kowe ngerti saiki ing Indonesia iki ono wong   adol omah twedehand.  Omah bekas?. –

-- Wiwit mbiyen yo ono to mas? Tuku omah gebyog njur dibrukke, didegno meneh ning tanahe dhewe . . . –

--  Ora. Omahe saka tembok tekan tanahe langsung biso dienggoni – Kuwi ngendikane mas Tris karo aku lewat tilpun, naliko saking bungahe bisa mundut dalem “anyar” ing Perumnas Mojosongo, kanthi neruske cicilan. Yo amargo wis 15 tahun ora ngreti “kahanan njaba”, mas Tris gumun ono omah tanah bekas iso dituku. Isih karo nicil.

-- Reneo ben ngreti yen aku kuwat duwe omah, -- ngendikane mas Tris karo ngguyu cekakakan. Mlepuk nek wong Pati ngarani. Nduwe omah ngono ae mlepuk, sombong. Nanging mas Tris ora duwe karep sombong karo aku. Biasa yen ngendikan karo aku koyo ngono. Gedhen-gedhenan gurung jarene.

Sakdurunge di phk, Mas Tris nate crito karo aku yen ing Karanganyar ono dhalang pinter, saben dino sregep sinau pewayangan. Sok-sok aku dijaluki lakon wayang, ngendikane. Asmane Ki Manteb Sudarsono. Bareng mas Tris di phk pak Anom, terus ditampani pak Manteb.

--  Reneo yen kangen wayanganku! Aku arep ndalang ning daleme dik Manteb. Mengko sangumu tak ijoli . . . . – mas Tris ki lucu. Aku wis gedhe tuwo yen  bali saka daleme mesti disangoni.

-- Yo, gelem, kapan mas wayangane —

Aku sido mangkat Solo njujug dalem Mojosongo ing dino sing ditemtokake. Wiwit asar wis podho toto-toto. Mbakyu, Inan putrine, wis TK, podho persiapan nderek ning daleme pak Manteb ing Meteseh. Mengko dipapag kendarakan. Saka daleme Mas Tris ono Waranggono siji. Wis tuwo.

-- Kowe ora reti Mbang? Iku pesinden top jamane pak Narto Sabdo. – mas Tris njawab pitakonku karo lirih. Aku lali jenenge sapa.

Ngadepke jam 5 sore mobil sing diutus mapag mas Tris wis teko. Sak mobil langsung mangkat ning daleme pak Manteb Sudarsono . ing Meteseh.

Daleme gedhe, pendhapane sing digawe saka kayu diplitur apik. Naliko aku teko lagi ditatani gamelan sak wayange kanggo selapanan Rebo Legen opa ngono, aku lali. Saben selapan dianakake pentas wayang kulit. Sing dhalang sopo ae. Bengi iki Mas Tris “ketiban sampur” ndhalang. Lan minongko dhalangan sewengi natas sing sepisan sakwise mulih saka p  Buru. Sak durungi paling-paling nggenteni pak Anom yen dong pentas.

Koyo biasane mbiyen ning p Buru, yen bubar pentas aku ditakoni.  

        --  Piye Mbang dhalanganku mau?--.

--  Piye ? Apik opo ora? – pitakone mas Tris naliko mulih saka  daleme pak Manteb. Mas Tris pinarak ngarep jejer sopir, aku ning jok mburi sopir jejer Inan, karo mbakyu Tris. Pesindene mau wis diterke nganggo kendaraan dhewe.

--  Piye Mbang ? Ditakoni kok meneng bae? Ngantuk? – Karo noleh panggonanku.

--  Ora. - Mbakyu sing nyauri. -- Mbuh ki,  kit mau meneng bae dik Bambang iki --

          -- He? – mas Tris neter aku.

          -- Gak. ngantuk. Aku mangkel.- semaurku cekak.

 -- Opo? Mangkel? Mangkel pekoro opo? -- Mas Tris nakoni karo    ngguyu ngekek..

-- Bocah iki ono-ono bae? Kenopo? – mas Tris pengin ngreti aku geneyo lan biasa ngoneni aku bocah mau. Bocah kok semene gedhene? Bayine sepiro?

            Meneng sauntoro. Aku dhewe kudu ngguyu kenopo aku ndadak mangkel.

--  Lha jeneh mau ning panggung sing ngaturi unjukan  . . mbakyu . . . .

Koyo dikomando mas Tris lan mbakyu ngguyu cekakan. Inan lagi nusul ngguyu. Ora mudheng. Dene pak sopir melu ngguyu nggleges.

--  O alah dik, dik. Kenopo mau ara nusul  ning panggung . Njur ngilingke unjukan nggo masmu? – mbakyu ngendikan ngono karo nyebleki pundakku.

Aku kelingan naliko ning p. Buru isih kumpul sak unit ing Savanajaya karo mas Tris, yen lagi wayangan aku dadi “pekatike”. Biasane saben bubar panen, opo ana acara hiburan kanti wayangan, mas Tris sing mesthi ndhalang. Senajan ono dhalang liyane. Lan aku dipatah mas Tris, sepisan ngontrol sound. Microphone sing diadep mas Tris perlu dicedakke opo diadohke. Sound ning kono isih “primitif”. Nganggo gentora / corong. Sakbanjure aku nonton lungguh ning ngarep dhalang keletan debog lan kelir/geber wayang, sakperlu nyawisi opo sing dibutuhke mas Tris. Koyoto banyu unjukan. Kopi. Opo wedang jahe. Sing maringi kanca-kanca saka dapur umum barak Terus nglinting mbako ireng – mbako sing warnane ireng entuke tuku soko Namlea,- jatah paringane panitia. Tak linthingi mboko saklinthing tak seleh cangkir seng, cangkir jatah. Supoyo yen mas Tris ngersakke udud ora susah leren nglinthing dhewe. Kabeh mau tak seleh ngisor debok, ben gampang dipundut mas Tris. Gak ono rokok. Upomo entuk rokok sak ler, di kethok-kethok. Saben sakkethok dicampur bako ijo, mbako tanduran dhewe. Amargo rajangane rupane isih semu ijo diarani mbako ijo. Lumayan dadi papat po limang ler, koyo rokok kretek.

Mulo saiki bareng tekan Jowo, mas Tris ndalang, sing ngladeni mbakyu, penggaweanku mbiyen “diendeh”. Mangkel aku. Aku dhewe banjur ngguyu nggleges.

Mas Tris entukke setyo ing profesine, ora diukur amargo “bayaran” sing kudhu ditampa. Beteke nglipur kanca. Katresnane para kanca ki larang, ngendikane. Wiwit saka Nusakambangan, (mbuh ning Kam daerah. Aku wiwit kumpul ning Nusakambanagan), saben malem Minggu biso keprungu mas Tris ndhalang tanpa wayang kanthi diiringi gamelan cangkem saka kanca-kancane sakkamar tahanane. “Tradisi menghibur diri” kanggo kanca-kanca kanthi wayangan gamelan cangkem, cempalane nganggo piring seng lan sendhok, ora mung naliko ning Nusakambanagan. Naliko tekan P Buru ora banjur leren. Bareng tekan Buru kebeneran aku isih kumpul sak unit karo mas Tris. Unit seplitan jare. Sing manggon unit iki saka bekas pelajar sma, mahasiswa, sarjana. Senajan ono sebarak sing saka “umum”. Tegese lulusan sak ngisore. Malah mas Tris saben malem Minggu – nanging yen kahanan aman/kondusif- ora mung ning barake dhewe, entuk undangan/tanggapan” saka barak liya . Sak unit ono 10 barak. “Opahane lumayan, biso ngombe wedang legi. Wedang nganggo gulo. Lumayan yen entuk kopi. Bareng tandurane wis bisa ngasilke, suguhane tambah: telo godhog, kacang godhok, lemet, gedhang godhok olehe podo “ngrayap”. Ngrayap istilah nyolong/maling pangan sing banjur dipangan bareng-bareng sakkanca. Nanging dudu barange kanca dhewe.

Ning cedhak unit ana alas gedhang liar. Mbuh tandurane sopo. Yo gedhang kuwi sing dirayap. Tanduran gedhange dewe during uwoh.

Ora mung kuwi yen penggawean rada entheng, upamane lagi panen ora macul gawe lahan sawah opo tegalan,  biasane kanthi mbabati damen pari, mas Tris di plekotho dijaluk ndalang. Yo gayeng. Gamelane cangkeme wong kabeh sing bareng panen. Senajan ora ngreti arike gamelan waton muni rame. Lha yen saka kadhohan ono kode saka kanca-kanca yen ono tonwal (Peleton Pengawal), tentara jaga lagi mrikso gaweayan opo mung liwat, kabeh mak cep koyo orong-orong kepidak. Nyengkut nyambut gawe. Karo podho ngempet guyu lan ono sing ngomel . . . .

“Modar kowe . . . ono tonwal  . . . . Yen wis aman diterusno maneh.

Bareng rada suwe kanca-kanca pande besi nduwe inisiatif golek drum bekas njur digawe gamelan. Tenan dadi gong thempleng. Gamelan sing bahane saka drum bekas lengo opo oli. Lan kanca-kanca sing biso natah, nyungging wayang, diwenehi penggawean khusus gawe wayang. Mboko sithik. Yo suwe-suwe dadi bisa pentas wayangan senajan durung lengkap wayang sak kothak.

Mas Tris wis bisa mayang nganggo gamelan lan wayang tenan. Senajan mung sakanane. Saben ono hiburan, yen ora kesenian liyane, wayangan wis dadi pengarep-arepe kanca-kanca. Kanca-kanca Sunda, opo Jakarta opo liyane suwe-suwe ngreti crito wayang. Malah naliko Komandan Unit lan peleton pengawale diaplus saka Makasar – Bugis ora saka Ambon meneh, sing ugo ora ngreti boso Jowo, nanging kesengsem wayangan; utusan wayangan nganggo bahasa Indonesia. Crito sing dijaluk crito Ramayana. Amarga critane dawa, saben malem Minggu kudu pentas.wayangan.

Yo amargo kuwi mas Tris kudu luwih kreatif, supoyo ora mboseni. Lakon wis ora manut pakem meneh, ora konfensional kudu manut alur crito kaya pedalangan sing wis baku. Tau sore enteh wis metu  Gareng Petruk. Jebul Gareng Petruke mung arep crito lelakon ning Alengko Dirojo, mung dadi MC. Njur lagi jejer Alengko. Walah diapusi. Nate jebol gunungan pisanan terus perang geger genjik. Konco-konco penonton njur langsung ngrangsek. Jebul Anoman karo Anggodo nyritakke jaman ing guwo Kiskendo ning paseban ing ngersane Rama Wijaya. Mung Flash Back. Lan akeh meneh. Mas Tris ugo crito dagelan siji ngene iki yen ning njaba, maksude naliko “ning alam padang, gak ning ukuman kaya saiki”, kanggo pentas pirang-pirang ngenggon. Lha saiki saben pentas kudu golek lelucon meneh. Tujokno ning kehidupane konco-konco akeh lelucon sing biso diangkat.

Tahun 1972 keluarga tapol, ibu lan anak-anake ono sebagian sing disusulke dening pemerintah lan dipanggonke ing Unit IV Savanajaya. Meh saben Unit ing Inrehab P. Buru ono sing keluargane nusul opo disusulake. Dibangun omah-omah saka papan mranti lan atap seng, di kapling-kapling koyo perumnas saiki. Barak lawas dibubari. Dibangun gedung kesenian gede.

Ganti tahun tapol sing ora disusul, dipindah disebar ing Unit-unit nduwur. Mas Tris di pindah ning Unit paling nduwur, Unit XIII Giri Pura. Aku dewe dipindah ning Unit XVI Indra Karya.